Home » , , » NYENGKRING

NYENGKRING

puisi jawa


puisi jawa 
NYENGKRING
Blegudheg humel humel
Ayo padha nata nagara
Ajo milih raja wang kang cinatur
kayata ;
Gali, Maling, Bajingan, lan gentho
Walah nyengkring

Ayo padha nata nagara
Destarata dadi raja yowis kelakon
Bagong dadi raja yowis kelkon
Gareng dadi raja yowis kelakon
Petruk dadi raja yowis kelakon
Rakyate yomung poadha blo'on

Ayo padha nata nagara
Miliyo raja wong kang cinondra
Sak karepmu pikiren dewe
Ora arep ngarubiru
Wongcilik oklak aklik
Ora melu otakatik
Ora meli blantik
Ora melu nlentik
Ning isoku mung njentik

Blegudheg humel humel
Ayo padha nata nagara
Raja saiki kupinge manci
konangan korupsi kaya banci
Wani buntut rawani rai
Pekatike sing ngompori
Blantike sing nyongori
walah nyengkring

Blegudeg humel humel
Ayo padha nata nagara
Dadi raja golek pangupo jiwa
Ragelem rekasa
Ragelem prasaja
Ngayawara tuku swara
Iki kasunyata ngapusi wong ndesa
Uripe ngrusak nagara
Akhire nang jero kunjara
Anak bojo kelaralara,

Melu nanggung sengsara
Maune uripe nang kutha
ngindari menungsa golak warto
Banjur ngungsi nang ndesa
Diasingna karo tangga
Walah walah timen..........

Thanks for reading NYENGKRING

« Previous
« Prev Post
Next »
Next Post »