ANOMAN

puisi jawa


puisi jawa,puisi dan kamutANOMAN
Sampun Rawuh Anoman, wonten ing tanah Ngalengka
Anoman, diutus dhateng Sri Rama
Ningali narya Sang Dewi Shinta
Kanthi Kahanan ingkang nrenyuhaken manah

Tinon marta pancakara nglawan Rahwana
Sitoresmi lan Srengenge tinon esti mbelani
Anoman, dados duta ingkang birawa lan kendel
Prawira ingkang misuwur
Ananging mboten rumangsa dhuwur

Anoman dados guruh gurnita sengsara dhateng Rahwana
Kanthi restuning Bathara, ngobong Ngalengka
Jaya dahana yasa yogya
Dados usada udrasanipun Dewi Shinta

Thanks for reading ANOMAN

« Previous
« Prev Post
Next »
Next Post »